Assalamu
alaikum wr.wb.
bismillah
hirohman nirrohim, Alhamdulillah hirobbil alamin wassolatu wassalamu ala muhammadin,waala
alihi wa askhabihi aj'main ama bakdu
Dumateng
poro alim soho poro ulama ingkang kawulo hormati
dumateng
poro sesepuh,pinisepuh ugi adi sepuh ingkang kawulo hormati
dumateng
pengiring temanten kakung miwah putri ingkan kawulo hormati
dumateng
sagotrah tamu undangan ingkang berbahagia.
ingkang
ongko sepindah monggo kito tansah muji syukur Alhamdulillah dumateng
ngarsanipun Alloh SWT, amargi taksih maringi Rohmat soho nikmat arupi sehat
dumateng kulo lan panjenengan sami, sahingga kulo lan panjenengan sami saget
pepanggihan wonten ing majlis puniko. mugi-mugi pepanggihan kulo lan
panjenengan sami saget mbeto manfaat,fidinnii fidun ya wal akhiroh kususipun
dumateng temanten kekalih sumrambahipun dumateng kulo soho panjenengan sami.
Ingkang
kaping kalihipun monggo kito tansah ngaturaken solawat soho salam
,allohuma soli ala Muhammad dumateng junjungan kito Nabi Muhammad
SAW,nabi pungkasan ingkang kito antu-antu syafaatipun benjang ing yaumul akhir.
Amiin
bapak soho
ibu ingkang tuhu kinormatan !
Saklajengipun
wonten ing mriki kawulo minongko wakil tuan rumah,ngaturaken agunge panuwun
dumateng sagotrah tamu undangan.amargi panjenengan sami kerso angrawuhi
undangan walimatul arsy saking tuan rumah.
salajengipun
kawulo atas nami tuan rumah nggeh ngaturaken sekatahing pangapunten mbok bilih
anggenipun nyepaki gupuh lungguh ugi suguh mboten nyocoki dumateng manah
panjenengan sami.gupuh ateges didalam penerimaan panjenengan sami mboten
sopan,lungguh ateges tempatipun ingkang semrawut kados mekaten,suguh ateges
unjukan soho dedaharan ingkang sederhana.sepindah malih kulo atas nami sohibul
kajah ngaturaken pangapunten.
Poro rawuh
ingkang minulyo
selajengipun
wonten ing mriki kawulo minongko wakil saking wali temanten kakung inggih
puniko Bapak Bisri nampi kanti leganing penggalih pasrah temanten saking
Bapak Slamet pinongko walinipun temanten putri.nggeh selama temanten
kekalih dereng gadah griyo piyambak umpami wonten griyo mriki nggeh tanggungane
keluargo mriki umpami wonten mriko nggeh tanggungane keluargo mriko.
Bapak ibu
ingkang tuhu kinormatan !
saklajengipun
kawulo ugi atas nami sohibul kajah nggeh namung saget ndongaakan dumateng
rombongan konco temanten bilih mangke acara sampun paripurno saget kondor
tumuju dalemipun piyambak-piyambak mboten wonten alangan setunggal
punopo.amiin.
sajake wekdal
nggeh sampun dalu cukup meniko ingkang kawulo aturaken,katah ature mesti katah
lupute saking kawulo pribadi ngaturan seh samudro pangaksami.
kawulo
akhiri, Wabillahi taufiq walhidayah wassalamu alaikum wr wb
#rep nampa besan ra apal-apal mlh mbundettt
kaya dalang deneng kang,,,,,,
BalasHapusMugi Sakinah... Mawaddah... Warohmah... Amin
BalasHapus